Sony Xperia Z1 - Nggunakake piranti ing kahanan teles utawa mbledug

background image

Nggunakake piranti ing kahanan teles utawa mbledug

Kanggo njamin sipat kuwat banyune piranti sampeyan, kabeh tutup, kalebu tutup port USB

mikro, slot kertu SIM, lan slot kertu memori kudu katutup rapet.

139

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Piranti pinter sampeyan kuwat banyu lan bledug miturut biji Ingress Protection (IP) IP55

lan IP58 sing dipratelakake ing tabel ngisor iki. Kanggo ndeleng katrangan IP sing luwih

kusus maneh ngenani piranti sampeyan, bukak

www.sonymobile.com/global-en/legal/

testresults/

lan klik ing jeneng piranti sing padha.

Tingkat IP tartamtu tegese telpon sampeyan kuwat bledug lan dilindhungi saka ili banyu

sing tekanane cilik uga tumrap kekum ing banyu tawar (ora asin) sasuwenen 30 menit lan

sajerone nganti 1,5 meter.
Sampeyan bisa nggunakake piranti:

ing lingkungan bledug, contone, ing pantai sing semribit.

nalika driji sampeyan teles.

ing kaanan hawa ekstrim, contone, nalika udan salju utawa udan banyu.

ing banyu tawar (ora asin) sajerone 1,5 meter utawa kurang, contone, ing tlaga utawa

kali banyu tawar.

ing kolam renang sing ngandhut klorin.
Senajan piranti sampeyan kuwat bledug lan banyu, aja mbabarake piranti menyang

kahanan sing akeh bledug, wedhi, lan blethok utawa kahanan lembap lan temperatur

sing nemen dhuwur utawa endhek. Kakuwatan kelawan banyune port USB mikro, slot

kertu SIM, slot kertu memori, lan colokan headset ora bisa dijamin ing kabeh panggon

utawa kahanan.
Aja pisan-pisan nyemplungake piranti ing banyu asin utawa nyebabake port USB mikro

utawa colokan headset kena banyu asin. Contone, yen sampeyan ing pantai, elinga

supaya ngadohake piranti saka banyu segara. Uga, aja mbabarake piranti menyang

cairan kimia. Contone, yen sampeyan asah-asah nganggo tangan lan deterjen encer, aja

nganti piranti kena deterjen. Sawise dibabarake menyang banyu ora tawar, bilas piranti

nganggo banyu tawar.
Panggunan normal kanthi swasana sing ngrusak piranti bisa nyuda kakuwatane nahan

bledug utawa lembap. Sawise nganggo piranti ing banyu, lap bageyan-bageyan ing

sakupenge tutup-tutup, kalebu tutup port USB mikro, slot kertu SIM, lan slot kertu

memori.
Yen speaker utawa mikropon teles, fungsine bisa kena pengaruh sadurunge banyu

garing temenan. Elinga yen wektu garinge bisa nganti telung jam, gumantung kahanane.

Sajroning wektu iki, sampeyan isih bisa nggunakake fitur liyane sing ora nganggo

speaker utawa mikropon. Kabeh aksesori sing cocog, kalebu baterei, pangisi daya,

piranti handsfree, lan kabel USB mikro ora kuwat bledug lan banyu.
Jaminan sampeyan ora kalebu karusakan utawa cacat sing disebabake panggunan

piranti sing ngrusak utawa ora samesthine (kalebu panggunan ing panggonan sing

ngluwihi watesan tingkat IP). Yen ana pitakonan liyane babagan panggunan produk,

hubungi layanan Bantuan Langganan kanggo golek pitulung. Saliyane kuwi, kanggo

informasi jaminan, deleng

Informasi penting

sing bisa diakses liwat Tuntunan wiwitan ing

piranti.