Sony Xperia Z1 - Wi-Fi®

background image

Wi-Fi®

Gunakake sambungan Wi-Fi® kanggo njlajah Internet, ngundhuh aplikasi, utawa ngirim

lan nampa email. Yen wis nyambung menyang jaringan Wi-Fi®, piranti sampeyan

ngeling-eling jaringan kasebut lan otomatis nyambung yen liya wektu ana ing jangkoan

jaringan kasebut.
Saperang jaringan Wi-Fi® majibake sampeyan mlebu ing kaca web tartamtu supaya bisa

entuk akses. Kontak administrator jaringan Wi-Fi® sing sesambungan kanggo informasi

sajangkepe.
Jaringan Wi-Fi® sing sumadhiya bisa asipat kabuka utawa katutup/aman.

Jaringan sing kabuka tandhane ana ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.

Jaringan sing katutup/aman tandhane ana ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.

Saperang jaringan Wi-Fi® ora njedul ing dhaptar jaringan sing sumadhiya amarga ora

nyiyarake jeneng jaringane (SSID). Yen sampeyan ngerti jeneng jaringane, sampeyan bisa

nambahake sacara manual menyang dhaptar jaringan Wi-Fi® sing sumadhiya.

Ngaktifake Wi-Fi®

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul tombol on-off kanggo nguripake fungsi Wi-Fi®.

Iki perlu sawetara detik sadurunge Wi-Fi® bisa aktif.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® kanthi otomatis

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul tombol on-off kanggo nguripake fungsi

Wi-Fi. Kabeh jaringan Wi-Fi® sing

kasedhiya ditampilake.

4

Tutul jaringanWi-Fi® kanggo nyambungake. Kanggo jaringan aman, ketik sandhi

sing cocog. ditampilake ing garis status yen sampeyan wis nyambung.

Kanggo nggoleki jaringan anyar sing kasedhiya, tutul , banjur tutul

Refresh. Yen sampeyan

ora bisa kasil nyambung menyang jaringan

Wi-Fi, deleng tips ngatasi masalah sing cocog

kanggo piranti sampeyan ing

www.sonymobile.com/support/

.

32

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambah jaringan Wi-Fi® kanthi manual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul >

Tambah jaringan.

4

Tik informasi

Jeneng jaringan (SSID).

5

Kanggo milih jinis pangamanan, tutul kolom

Keamanan.

6

Yen dijaluk, tik sandhi.

7

Kanggo ngowahi sawetara opsi sabanjure kayata proxy lan setelan IP, tandhani

kothak centhang

Pilihan canggih banjur owahi kaya sing dikarepake.

8

Tutul

Simpen.

Hubungi administrator jaringan Wi-Fi® sampeyan kanggo njaluk SSID jaringan lan sandhi.

Setelan Wi-Fi®

Yen sampeyan disambungake menyang jaringan Wi-Fi® utawa yen kasedhiya jaringan

Wi-Fi® ing sacedhake, sampeyan bisa ndeleng status jaringan kasebut. Sampeyan uga

bisa mbisakake piranti supaya ngabari manawa ana jaringan Wi-Fi® dideteksi.
Yen sampeyan ora kasambung menyang jaringan Wi-Fi®, piranti nggunakake

sambungan data seluler kanggo ngakses Internet (yen sampeyan wis nyiyapake lan

ngaktifake sambungan data seluler ing telpon). Kanthi nambahake kabijakan ora aktif Wi-

Fi®, sampeyan bisa namtokake kapan arep ngoper saka Wi-Fi® menyang data seluler.

Ngaktifake kabar jaringan Wi-Fi®

1

Uripake Wi-Fi®, yen durung urip.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

4

Tutul >

Canggih.

5

Seret panggeser ing jejere

Kabar jaringan menyang tengen.

Ndeleng rincian informasi babagan jaringan Wi-Fi® sing sinambung

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul jaringan Wi-Fi® sing saiki disambungake. Rincian informasi jaringan bakal

ditampilake.

Nambah kabijakan turu Wi-Fi®

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul , banjur tutul

Lanjut > Wi-Fi tetep aktif sajrone turu.

4

Pilih salah siji.

WPS

WPS (Wi-Fi® Protected Setup) iku standar jaringan nirkabel sing nulung netepake

sambungan jaringan nirkabel aman. Yen sampeyan ngerti sethithik bab keamanan

nirkabel, WPS nggampangake sampeyan ngatur wiwitan sandhi katrangan Wi-Fi

Protected Access (WPA) kanggo ngamanake jaringan. Sampeyan uga bisa nambah

piranti menyang jaringan sing ana tanpa ngetik sandhi sing dawa.
Gunakake salah siji cara iki kanggo mbisakake WPS:

Cara menet tombol – cukup menet tombol ing piranti sing didhukung WPS, contone,

perute.

Cara PIN – piranti sampeyan nggawe PIN (Personal Identification Number) acak, sing

diketik ing piranti sing didhukung WPS.

33

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® nganggo tombol WPS

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Uripake Wi-Fi® yen durung murup.

4

Tutul >

Lanjut > Tombol Push WPS, banjur penet tombol WPS ing piranti sing

didhukung WPS.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® nganggo PIN WPS

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Uripake Wi-Fi® yen durung murup.

4

Tutul >

Lanjut > Entri PIN WPS.

5

Ing piranti sing didhukung WPS, ketik PIN sing ditampilake ing piranti sampeyan.