Sony Xperia Z1 - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Aktifake kamera.

2

Tutul , banjur pilih .

3

Yen kamera video ora dipilih, tunyuk .

4

Kanggo nampilake kabeh setelan, tunyuk .

5

Pilih setelan sing arep disetel, banjur genti saksenenge.

Ringkesan setelan kamera video

Resolusi video

Setel resolusi video kanggo format sing beda.

Full HD (30 fps)

1920×1080(16:9)

Format full HD (Full High Definition) nganggo 30 fps lan rasio aspek 16:9.

Full HD (60 fps)

1920×1080(16:9)

Format full HD (Full High Definition) nganggo 60 fps lan rasio aspek 16:9.

HD

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya file video bisa pas karo pesen multimedia.

Setelan iki mung kasadhiya ing

Manual mode potret.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa ngrekam video tanpa nyekeli piranti. Gunakake

kanggo ngrekam video kelompok supaya kabeh wong bisa direkam ing video.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika ngrekam

video.

95

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (0.5 detik)

Setel wektu tundha setengah detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Mati

Video wiwit direkam sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Smile Shutter™(video)

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge ngrekam video.

Mode Fokus

Setelan fokus ngontrol bagean video endi sing kontrase kudu cetha. Nalika fokus

otomatis terus urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus putih

tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing obyek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar. Kamera

kanthi otomatis fokus ing subyek sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan kanggo njupuk

fokus kanthi nunyuk pasuryan kasebut ing layar. Nalika nutul layar kamera, pigura kuning nuduhake pasuryan

endi sing dipilih dadi fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis pemandangan. Fokus

otomatis terus-terusan urip.

Nglacak obyek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Video HDR

Gunakake setelan HDR (High-Dynamic Range) video kanggo ngrekam video ing cahya

mburi sing kepadhangen utawa ing kahanan sing kontras banget. HDR video menehi

kompensasi kanggo rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing

peteng utawa padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Ngukur

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Ngukur tengah gambar, lan nemtokake cahya adhedhasar padhange subyek ana.

Spot

Nyetel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Rupa

Ngukur jumlah cahya ing pasuryan, lan nyetel cahya supaya pasuryan sing ora peteng banget utawa

padhang

Multi

Motong gambar menyang sawetara wilayah, lan ngukur saben wilayah kanggo nemtokake cahya sing

imbang.

Setelan iki mung kasadhiya ing

Manual mode potret.

96

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

SteadyShot™

Nalika ngrekam video, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser mbantu

sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

Standar

Aktifake kanggo mbusak kamera nggerok.

Mati

Stabiliser dipateni.

Mikropon

Pilih manawa arep ngrekam swara lingkungan nalika ngrekam video.

Pratinjau

Sampeyan bisa milih ndeleng pratinjau video sanalika bubar direkam.

Aktif

Pratinjau video ngaton sanalika direkam.

Owahi

Video langsung mbukak kanggo pangowahan sanalika direkam.

Mati

Video disimpen sanalika direkam, lan pratinjau ora ngaton.

Lampu Kilat

Gunakake lampu kilat kanggo ngrekam video nalika kondisi cahya surem utawa ana

cahya saka mburi. Lambang lampu kilat video mung kasedhiya ing layar kamera

video. Elinga yen kadang, kualitas video bisa luwih apik tanpa lampu, sanajan kondisi

cahya surem.

Aktif

Mati

Pamilihan gambar

Fitur pamilihan gambar mbantu sampeyan supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo

kaanan umum nggunakake gambar video sing wis diprogram dhisik. Kamera nemtokake

maneka setelan sing bisa dipasake nurut gambar sing dipilih dadi video sing direkam

bisa asil apik.

Mati

Fitur pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa ngrekam video sacara manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine alus.

Bawana

Gunakake kanggo video lanskap. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Wengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing kaanan sing kurang cahya. Video sing

obyeke obah cepet bisa dadi burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake panyangga.

Pateni mode peteng yen kaanan cahya apik supaya kualitas video luwih apik.

Pantai

Gunakake kanggo video ing gambar pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kaanan sing padhang supaya video ora kepadhangen.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga

obah.

Pesta

97

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Gunakake kanggo video ing njero ruangan sing kaanane surem. Gambar iki njupuk cahya latar mburi

njero ruangan utawa cahya lilin. Video sing obyeke obah cepet bisa dadi burem. Jaga supaya tangan

anteng, utawa gunakake panyangga.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

98

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.